Kabar Jowo: Ulang Taon NU Kaping 92 Pejabat Jakarta Ucapno Selamat

Jakartab (KW-News). Wakil Gubernur DKI Jakarta Sandiaga Uno ngucapke selamet dino kelahiran (harlah) Nahdatul Ulama (NU) sing...


Jakartab (KW-News). Wakil Gubernur DKI Jakarta Sandiaga Uno ngucapke selamet dino kelahiran (harlah) Nahdatul Ulama (NU) sing kaping 92. Deweke ngarepke yen NU bisa dadi kumpulan (organisasi) Islam sing biso ngeraketno bongso.


"Selamet milad kaping 92 NU. Mugo-mugo NU terus jadi conto podo bedo kito ing Jakarta dan Indonesia," ucap Sandi ono Masjid Al Mubarok, Jalan Pramuka Sari III, Rawasari, Cempaka Putih Jakarta Pusat, Rabu, 31 Januari wingi bengi.

Sandi nyampekno itu rikolo nyampekke sambutan sakdurunge salat grahono. Deweke ugo pingin NU dadi saluran berkah kanggo umat muslim. "NU terus dadi saluran berkah lan mastekake Islam rahmatan lil alamin," jarene.


Ono panggon sing bedo, Gubernur DKI Jakarta Anies Baswedan nekani peringatan wektu lahir Nahdlatul Ulama (NU) sing kaping 92. Anies nyebut lelakon NU sekrene iki iku mung jogo sijine bongso. "NU dadi rujukan, dadi mercusuar ujo dadi cagak pemersatu kanggo akehe giate kumpulan (organisasi) ndek Indonesia," jare Anies ono Masjid KH Hasyim Asy'ari, Jalan Daan Mogor, Jakarta Barat, mambengi ugo. (Detik/MH)

Baca Juga:

Nasional 4040535258371835377

Posting Komentar

emo-but-icon

Video Berita Haji

Populer

Terbaru

Iklan

item